Goro-goro pokal gawene manungso kang urip ing alam ndunyo podo ora nduwe dugo lan toto kromo,tumindake nggladrah ora genah kokehan polah kadang malah nganti ngenteke sawah lan omah.
Jaman saiki jare jaman kemajuan anggawe tumindake manungso wis podo ra karuan,ora rumongso opo kang di pangan,duweke dewe utowo liyan,opo kang ono di anggep panganan mergo dasare podo doyanan ra perduli opo kang di pangan sing penting kumanan,jaman-jamane pancen jaman edan yen ora ngedan ra kumanan,melu ngedan iseh ra uman lamun to yen tanpo pangorbanan.
Ing jaman edan akeh wong podo kelangan koyo dening pimpinan kang kelangan kawibawane,pejabat podo kelangan pangkat,wong mlarat sansoyo nekat,satrio podo kelangan keprawirane,bocah wadon akeh sing kelangan keprawanane mergo sekolah podo nyambi dadi lonte.
Wis jamane,akeh wong podo timindak sak karepe dewe,tanpo mikir kancane,sing penting kepenak uripe,emboh soko ngendi asale sing penting biso nduwe.
Urip iki mung sadermo,mulo podo elingo marang kang kuoso,sejatine ganjaran kang pirang-pirang wis cumawis ing saben manungso tanpo rubedo,nanging perlu di mangerteni yen sejatine sak bejo bejane wong kang lali iku iseh bejo kang eling.
Wong kang sugih eling ora bakal pangling ing mobah mosike kahanan snadyan jagad iki nganti nggoling,mulo monggo podo eling lan ngrumangsani suwene iseh di paringi urip ing jagad iki.
Jumat, 13 Februari 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar